RENUNGAN PADINAN GKJ PURWANTORO, JUMAT PON 17 APRIL 2020

RENUNGAN PADINAN GKJ PURWANTORO, JUMAT PON 17 APRIL 2020

BOTEN PADOS KALEPATAN, NANGING GESANG MBABARAKEN SIH RAHMAT
RENUNGAN PADINAN GKJ PURWANTORO, JUMAT PON 17 APRIL 2020

Waosan Kitab Suci, Mazmur 130:3-4
(LAI 1981): Dhuh Yehuwah, menawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun? Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.

Pasamuwan kinasih, nalika wonten kahanan kang salah, kita asring pados sinten ingkang saged dipun lepataken. Contone wonten sadherek ingkang dhawah saking motor, nyalahke, “Lha ana bocah mlayu nyabrang, dalane lunyu, ban-e wis alus dadi ora pakem, mula nabrak pager”. Boten ngrumaosi menawi anggone numpak motor banter, malah ngebut, lha sing disalahke bocah sing mlayu nyabrang, dalan kang lunyu, lan ban motor sing wis alus.

Mekaten ugi ing kahanan ngadhepi pageblug covid 19 menika. Boten namung kita sabangsa ingkang ngadhepi kahanan rekasa wanci menika, nanging umat manungsa sadonya. Montor mabur kang ngangkut ewon-ewon penumpang antar negara lan antar benua ndadosaken boten wonten bangsa kang bebas saking pageblug, sedaya kena, lan sedaya ngraosaken awratipun. Sinten ingkang salah? Menapa penerbangan internasional salah? Menapa kemajuan tehnologi transportasi kang saged ngangkut ewon-ewon tiyang saben dinten ing saubenging donya menika salah?

Kathah sadherek ingkang pasien positif covid 19 boten mangertos jalarane ngantos kenging sesakit, temtu ugi boten saged dipun lepataken. Menapa malih dokter lan perawat ingkang sampun mangertos bebaya penularan, nanging sedya mendhet resiko amor lan ngrawat pasien covid 19. Sampun kathah sadherek tenaga medis ingkang sakit amarga ketularan, lan malah seda. Menika pengorbanan kangge kaslametan sadherek sanes, pangurbanan kang luhur lan mulya, cetha menawi boten amarga kalepatanipun.

Temtu benten sanget menawi kabandhingaken kaliyan sadherek ingkang ngremehake, sampun dipun engetaken malah sembrono lan nekad tetep lelungan ing daerah kang sampun positif dadi wilayah penyebaran covid 19, boten jaga kontak lan jarak, boten reresik tangan nganggo sabun lan toya. Lha menawi ngerti bebaya malah njarak nyedhaki, nalika cilaka nggih menika lepatipun piyambak.

Waosan Kitab Suci saking Mazmur 130:3-4 memulang kita. Gusti boten madosi kalepatan kita, awit Gusti sampun pirsa menawi manungsa menika pancen wonten cidra, kathah luput lan dosanipun. Nanging Gusti malah maringaken sih pangapunten, lan menika ingkang ndadosaken manungsa ajrih lan asih dhumateng Gusti.

Menawi ingkang dipun padosi kalepatan, inggih badhe dipun panggihi nggih kalepatan. Malah senajan boten lepat, saged ugi didamel supados ketingal lepat, awit ingkang dipun padosi pancen kalepatanipun sadherek sanes. Nanging tinimbang pados kalepatan pihak-pihak sanes, nyalahke pemerintah, nyalahke petugas, menapa malih nyalahaken sadherek ingkang sakit covid 19, sumangga sesarengan ing kahanan rekasa menika kita sangkul sinangkul ing bot repot. Kita pados cara supaya sanajan ing kahanan rekasa, nanging boten luwih ruwet lan rame maneh amarga setunggal lan sanesipun malah regejegan golek bener, golek alem, golek jeneng, ning kanthi nglepataken lan nyalah-nyalahke pihak sanes. Lha menawi pados kalepatan sadherek utawa pihak sanes, sinten ingkang babar pisan boten gadhah kalepatan?

Sumangga, kahanan menika estu dados pandadar kangge kita. Kados Gusti sampun paring sih pangapunten ingkang nampi lan nglepataken kita saking paukuman, mekaten ugi kita boten malah pados kalepatan pihak sanes mung kanggo mbenerke awake dhewe. Amin.

Pandonga:
Jabur Mazmur 130:3,4 (LAI 2006)
130:3-4 Menawi Paduka ngèngeti dhateng piawonipun tiyang, dhuh Pangéran, sinten ingkang saged lestantun? Nanging Paduka sampun paring pangapunten, supados tiyang sami ajrih dhateng Paduka.
Mugi sihpanganpunten lan kasetyanipun Gusti nyantosakaken kita kanthi sabar lan tumemen makarya lan tumindak leladi dhateng sesami.