Kidung Pangadhuh 2:13-22, Jabur 137,  I Yokanan 5:1-5, 13-21

KEKIDUNGAN ING SATENGAHING PANANDHANG

Kepriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwa

 ana ing nagara ngamanca? (Jabur 137:4)

                Menawi kita sami dipundangu, ing wekdal kados punapa kita sami ngrepekaken kidung? Kekidungan asringipun kapujekaken nalika kawontenan manah lan gesang nembe ngraosaken bungah. Bab punika kados kawontenan ingkang nembe dipunraosaken dening umat pepilahanipun Gusti. Awit saking sikep gesang ingkang asring mbalela lan mboten setya tuhu dhumateng Gusti Allah, mila tiyang-tiyang Israel winengku ing pangawulanipun Babel. Tumraping umat pepilahanipun Gusti ingkang nembe ngraosaken gesang ing salebeting pangawulan kasebat, kekidungan saha pepujen punika sampun dados satunggaling prakawis ing wekdal kapengker/ kenangan (ayat 1, 2).

Tiyang-tiyang punika sampun mboten saged ngunjukaken kekidungan punapa dene pepujen awit kitha Sion sampun dados jugrugan/ puing-puing saha tiyang-tiyangipun sampun sami gesang ing tlatahipun tiyang sanes. Temtu raos nglokro utawi pepes ing pangajeng-ajeng nembe kalair ing manahipun umat pepilihanipun Gusti. Sinaosa makaten, ing satengahing paukuman ingkang nembe dipuntampi lajeng ndadosaken umat punika sadhar magepokan kawontenan gesangipun. Tiyang-tiyang punika sami kaemutaken malih bab pakaryanipun Gusti Allah, satemah nuwuhaken raos kangen anggenipun sami ngluhuraken asamnipun Gusti. Kados ing ayat 4-9, nelakaken saha nandhesaken pangajab supados Gusti Allah tansah mberkahi tiyang-tiyang ingkang sami gesang ing salebeting kayekten lan kaadilanipun Gusti satemah umat pepilahanipun Gusti tansah kiyat saha kuwagang ngluhuraken asmanipun Gusti ing sadhengah kawontenan.

Menawi kita raos-raosaken pancen kawontenan gesang kita asring ndadosaken kita lajeng ewah gingsir. Panandhang ingkang nembe kita tampi ugi asring dados jalaran kita rumaos nglokro ngluhuraken asmanipun Gusti; ananging lumantar Pangandikanipun Gusti punika kita sami kaemutaken supadas tansah ngunjukaken kekidungan ing sadhengah kawontenan. Lumantar kekidungan saged nuwuhaken kakiyatan, panglipur, saha pangajeng-ajeng ing gesang kita. Amin.