Kidung Pangadhuh 5:1-22, Jabur 137,  Markus 11:12-14, 20-24

DIMANTEP ING PRACAYA

Aku pitutur marang kowe:satemen sing sapa celathu marang gunung iku: mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kelakon, mesthi iya bakal kelakon

 (Markus 11:23)

                Saben kita temtu nate mireng tembung “pangucapmu kuwi malati.” Punapa tegesipun? Kathah tiyang paring andharan bilih punapa ingkang dipunucapaken punika asring kedadosan saestu. Kenging punapa saged makaten? Menawi dipun gatosaken, temtu punika mboten saged uwal saking naminipun kapitadosan utawi iman ingkang makuwon ing dhirinipun tiyang kasebat. Lumantar kapitadosan ingkang mantep ndadosaken saben tetembungan ingkang medal saking lathinipun dados kasunyatan; kadosta: Nalika satunggaling lare anggadhahi kapitadosan ingkang mantep badhe lumebet ing satunggaling sekolah ingkang dados pangangen-angenipun. Mila bab punika saged kelampahan.

Kapitadosan utawi iman ingkang mantep punika pancen saged nuwuhaken kakiyatan ing sanjawining nalar. Bab punika kados dene ing kaandharaken ing Markus 11:20-24. Ing waosan kasebat mratelakaken bab kados pundi kapitadosan ingkang mantep lan mboten mangu-mangu nuwuhaken kakiyatan ingkang ageng. Kakiyataning kapitadosan/iman ingkang mantep dipun gambaraken dening Gusti kanthi kawontenan ingkang saged mindahaken redi.

Temtu lumantar Pangandikanipun Gusti punika, paring piwulang tumrap kita supados anggadhahi kapitadosan ingkang saestu yakin bilih Gusti Yesus tansah miyarsakaken ingkang dados panyuwunan kita. Kapitadosan ingkang tansah mantep wonten ing Gusti Yesus saged ndadosaken satunggaling prakawis kababar sanyata sinaosa punika mokal tumprap manungsa. Pramila sumangga, kita tansah ngwujudaken saha anggadhahi kapitadosan ingkang mantep dhumateng Gusti Yesus.  Supados kita saged anggadhahi kapitadosan ingkang mantep, kita kedah purun mbudidaya ndarbeni manah ingkang tansah resik; kanthi makaten punapa kemawon ingkang kita suwun Gusti karsa miyarsakaken. Amin.