Yeremia 28:1-17, Jabur 66:1-12, Lukas 5:12-16

MBABARAKEN PAWARTA BAB PAKARYANING GUSTI YESUS

Ewasemono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganthi adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug aowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasaken

(Lukas 5:15)

                Pasamuwan ingkang kinasih, punapa ingkang badhe kita tindakaken nalika kita mireng saha nampi pawarta dadosa lumantar media sosial punapa dene sacara langsung? Temtu kita badhe martosaken pawarta ingkang kita tampi punika dhateng sok sintena ingkang kita panggihi. Contonipun nalika kita mireng pawarta bab sesami kita gerah, seda, punapa dene nembe ngraosaken bungah; temtu kita martosaken pawarta punika dhateng sok sintena kemawon ingkang kita tepang.

Mekaten ugi ingkang dipuntindakaken dening tiyang ingkang kacariyosaken ing Injil Lukas 5:12-16. Wonten tiyang sakit budhugen sakojur badanipun. Temtunipun tumraping tiyang punika, nampeni sakit budhug sakojur badanipun dados bab ingkang mboten nyekecakaken. Ing satengahing kawontenan punika, temtu piyambakipun anggadhahi pangangen-angen supados saged nampeni kasarasan. Ingkang dados pangangen-angenipun saestu kasembadan, kados ingkang kaandharaken ing ayat 12.

Sesampunipun tiyang punika nampeni kesarasan lajeng Gusti Yesus paring piweling dhateng tiyang kasebat supados sampun mbyawarakaken bab punika, kepara tiyang pulih saking budhug kapurih sowan dhateng para imam saha ngaturaken korban pasucen (ayat 14). Ananging awit saking bingahipun tiyang punika malah martosaken ingkang sampun dipun tingali, karaosaken, saha ingkang sampun katampi. Menawi kita sami gatosaken, cariyos saha paseksi saking Injil Lukas punika, kita kabereg mawas dhiri ing manah kita. Sampun kaping pinten kita ngraosaken pakaryanipun Gusti ing gesang kita? Temtu sampun makaping-kaping anggen kita nampi pakaryanipun Gusti. Pramila lumantar Sabdanipun Gusti punika, kita kabereg supados tansah martosaken pakaryan ugi katresnanipun Gusti Yesus tumrap sinten kemawon satemah kathah tiyang ugi ngluhuraken Gusti. Amin.