Yeremia 29:1, 4-7, Jabur 66:1b-12, II Timotius 2:8-15, Lukas 17:11-19

NGUNJUKNA PANUWUN SOKUR

Ana siji kang bareng weruh yen wes waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake asmanipun Gusti Allah kalawan suwara sora”

 (Lukas 17:15)

                Minangka para pendherekipun Gusti, temtu kita asring mireng piwucal bab ngunjukaken panuwun sokur. Lajeng wonten pitakenan, punapa piwucal ngunjukaken panuwun sokur punika sampun kita cakaken ing gesang saben dinten? Menawi kita purun blaka, ing kasunyataning gesang sikep ngunjukaken panuwun sokur punika dereng saged kita wujudaken kanthi ajeg; kadosta nalika kita nembe nandhang karingkihaning raga, dagangan kita nembe sepen, garwa/sisihan kita nembe nampeni PHK; tanggapan/ respon punapa ingkang kita babaraken? Asring kalampahan kita badhe nanggapi kanthi nggresula langkung rumiyin.

Pancen ngunjukaken panuwun sokur, punapa malih ing sadhengah kawontenan sanes bab ingkang gampil. Kawontenan kasebat sami kaliyan kedadosan ing Injil Lukas 17:11-19. Wonten waosan kasebat nyariosaken bilih nalika Gusti Yesus tindak dhateng Yerusalem, saha miyos ing sauruting Tapel wates; Panjenenganipun mirsani wonten tiyang sadasa sakit budhugen. Awit saking sih-katresananipun saha piwelasipun, pramila Gusti Yesus nyarasaken tiyang-tiyang punika. Ananging emanipun saking sadasa tiyang ingkang nampeni kesarasan punika, namung tiyang satunggal ingkang ngunjukaken panuwun sokur dhateng Gusti Yesus (ayat 15). Mirsani kawontenan saha kedadosan ingkang makaten lajeng Gusti Yesus ngendika kados ing ayat 17-19. Saking ayat punika kita saged mangertos bilih sikep ngunjukaken panuwun sokur punika sanes bab ingkang gampil lan boten dados jaminan sadaya tiyang purun ngwujudaken prekawis punika.

Sinaosa dados bab ingkang angel dipunwujudaken, ananging lumantar Injil Lukas 17:11-19 kita kedah nuladha sikepipun tiyang ingkang wonten ing ayat 15, “Bisaa lan tansaha ngunjukaken panuwun sokur;” awit sampun samesthinipun saha punika wujuding tanggapan kita magepokan berkah, panganthi, saha sih-katresnan ingkang sampun kababaraken dening Gusti Yesus tumrap kita sadaya. Amin.