Yeremia 31:15-26, Jabur 119:97-104, Markus 10:46-52

KAKIYATANING IMAN

Gusti Yesus banjur ngandika, Wis mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Pandha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus(Markus 10:52)

                        Saben kita temtu asring nyipati pakaryan-pakaryan ing sampun katandukaken Gusti wonten ing gesanging manungsa. Pakaryan-pakaryan ingkang sampun kababar punika maneka warni saha sinerat ing Kitab Suci. Salah satunggaling pakaryan ingkang dipuntandukaken Gusti Yesus inggih punika nyarasaken tiyang wuta ingkang naminipun Bartimeus. Bartimeus punika, salah satunggaling tiyang ngemis ingkang wuta. Piyambakipun putra saking Timeus. Saben dintenipun, Bartimeus ndheprok ing sapinggiring margi nyuwun kawelasan saking tiyang ingkang sami langkung.

Nalika Bartimeus nembe nindakaken panyambut damelipun inggih punika ngemis, dumadakan piyambakipun mireng pawarta bab Gusti Yesus. Lajeng piyambakipun nguwuh-uwuh nyuwun sih-piwelas saking Gusti Yesus. Ingkang dipuntindakaken Bartimeus rikala semanten lajeng dipunsaruwe dening tiyang kathah. Tiyang kathah punika ndhawuhi Bartimeus supados mendel. Ananging panyaruwe punika mboten njalari Bartimeus surut anggenipun nguwuh-uwuh nyuwun sih-piwelasipun Gusti (ayat 48). Mirsani krenteg saha adrenging manah Bartimeus, Gusti Yesus kendel lajeng ndhawuhi para sekabat supados nimbali Bartimeus. Para sekabat ngestosaken dhawuhipun Gusti. Mireng pawarta saking para sekabat punika, lajeng Bartimeus nanggapi kanthi manah ingkang bingah kados ing ayat 50. Sasampunipun Bartimeus pinanggih kaliyan Gusti Yesus, Panjenenganipun lajeng dangu Bartimeus “Karepmu dakkapakake?” Mireng pandangon saking Gusti Yesus lajeng Bartimeus paring wangsulan “Rabuni, mugi kawula sageda ningali.” Lajeng Gusti Yesus miyarsakaken panyuwunanipun Bartimeus satemah piyambakipun saged ningali malih.

Saking cariyos Bartimeus punika mila kita saged methik piwucal inggih punika bab kapitadosanipun Bartimeus dhumateng Gusti saha krenteg ingkang mboten kendho. Kalih bab punika ugi saged kita dadosaken sangu ing lampahing gesang kita saben dinten. Amin.