Yeremia 31: 27-34, Jabur 119:97-104, II Timotius 3:14-4:5

PRAJANJIAN ANYAR

Mangkene Pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi mangsane, Ingsun bakal damel Prajanjian anyar karo wong Israel lan Yehuda

(Yeremia 31:31)

 

Punapa ingkang kita raosaken nalika nalika wonten tiyang ingkang mblenjani janjinipun dhateng kita? Temtu mboten dipunselaki kita badhe rumaos gela, kepara kecalan raos pitados dhateng sedherek kasebat. Pancen janji ingkang dipunblenjani punika dadosaken tatu ing manah kita. Ananging punapa kita ugi ngrumaosi bab ingkang sami nalika kita blenjani janji dhumateng Gusti? Umpaminipun kita janji badhe nindakaken gesang ingkang jujur, manembah dhumateng Gusti. Ananging ing kasunyatanipun gesang kita taksih mburu ing bab kadagingan, remen goroh, lsp.

Sikep mblenjani janji punika ugi nate katindakaken dening tiyang Israel. Bab punika saged kita tingali ing ayat 32. Gusti Allah sampun damel prasetya kaliyan bapa leluhuripun tiyang Israel, ananging prajanjian ingkang sampun kadamel punika lajeng dipunselaki dening tiyang-tiyang Israel. Sinaosa prajanjian punika dipunselaki dening umat pepilihanipun Gusti, Panjenengangipun mboten duka. Gusti Allah tetep nresnani umat pepilihanipun lan yasa Prajanjian ingkang anyar.  Prajanjian anyar punika kapacak ing ayat 33-34, ingkang nedahaken bilih prajanjian anyar ingkang dipundamel Gusti Allah punika mboten badhe ical kepara saged dadosaken kakiyataning manah saha kapitadosanipun umat Israel. Prajanjian anyar kasebat tansah tumanem wonten ing batos saha gesanging umat pepilihanipun Gusti. Mboten namung punika kemawon, lumantar prajanjian anyar punika ugi wonten ancas ingkang badhe kagayuh inggih punika ndadosaken tiyang tepang utawi pitados dhumateng Gusti Allah satemah dosa-dosanipun kaapunten.

Para sedherek ingkang kinasih lumantar pangandika punika kita ugi kawucal  supados kita nyepengi lan ndadosaken prajanjian anyar ingkang sampun kayasa Gusti dados kakiyatan ing manah kita. Kita ugi kabereg supados saged netepi prajanjian anyar lan sampun ngantos kita mblenjani. Amin.