Yeremia 38:14-28, Jabur 129, I Korinta 6:1-11

RUNGOKNA LAN TINDAKNA

Kawula aturi myarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah menggah prekawis ingkang sampun kawula unjukaken dhateng Panjenengan dalem; kawontenan panjenengan dalem badhe sae saha sarira dalem badhe karimatan

(Yeremia 38:20b)

                Menawi kita kadangu satunggal baka satunggal, “Nindakaken Sabdanipun Gusti punika gampil napa angel?” Temtu kita badhe paring wangsulan, “Ya sok gampang sok ya angel.” Kathah jalaran ingkang ndadosaken kita angel nindakaken sabdanipun Gusti. Ananging menawi dipungatosaken jalaran ingkang utami inggih punika krenteg lan raos mangu-mangu ingkang taksih jumedhul ing manah kita. Bab punika ugi, ingkang karaosaken dening Prabu Zedhekia. Nalika semanten Prabu Zedhekia paring dhawuh supados nyowanaken Nabi Yeremia ing gapura ketelu Padalemanipun Sang Yehuwah. Wonten ngriku Prabu Zedhekia wawan rembag kaliyan Nabi Yeremia; lajeng punapa ingkang dados inti pirembanganipun? Underanipun inggih punika kados ingkang kajlentrehaken ing ayat 17. Lumantar Nabi Yeremia, Sang Yehuwah paring dhawuh dhateng Prabu Zedhekia supados mirengaken ugi nindakaken ingkang dados pangandikanipun Allah; inggih punika Prabu Zedhekia purun pasrah bongkokan dhateng prawira Babil. Kanthi sikep lan tumindak punika, mila nyawa ugi brayatipun Prabu Zedhekia ingayoman lan lestari gesangipun awit pitulunganipun Gusti Allah.

Kajawi punika negari ingkang kapimpin mboten badhe katumpes latu. Nalika Nabi Yeremia ngaturaken werdi karsanipun Gusti Allah, Prabu Zedhekia taksih ngraosaken mangu-mangu anggenipun badhe nindakaken. Nabi Yeremia lajeng paring pambereg supados Prabu Zedhekia ngestokaken ingkang dados pangandikanipun Gusti.

Saking cariyos punika, piwulang kangge kita sadaya: Minangka pendherekipun Gusti ingkang sampun ningali saha ngraosaken pakaryanipun ingkang nyata samangke kita katimbalan supados mboten namung mandeg ing mirengaken Sabdanipun Gusti. Sageda ugi nindakaken ingkang dados karsanipun Gusti ing salami kita gesang. Kanthi makaten Sabdanipun Gusti ugi saged gesang, sumunar, saha dados kakiyatan wonten ing dhiri kita. Amin.