Yeremia 39:1-18, Jabur 129, Yakobus 5:7-12, Lukas 8:1-8

RAHAYU WONG KANG SABAR

Sejatine kita padha ngarani rahayu wong kang sabar mantep iku

(Yakobus 5: 11a)

                Panggresula asring kawedal ing gesang, nalika kita nembe aben ajeng kaliyan panandhang saha prekawising gesang. Kamangka menawi dipun-gatosaken, nggresula punika mboten wonten paedah ingkang sae tumrap gesang kita. Kepara ndadosaken panandhang kita sangsaya awrat lan kita mboten saged ngraosaken pakaryanipun Allah. Lajeng punapa ingkang kedah kita tindakaken nalika nemahi panandhang lan reribed ing satengahing lampah gesang?

Serat Yakobus 5:7-12 paring piwucal saha pambereg supados para pendherekipun Gusti Yesus purun nuladha rama Ayub. Kita sami mangertos kados pundi lelampahaning gesang rama Ayub. Anggenipun gesang ing jagad mboten nate tebih saking rudatin; gesangipun tansah nemahi prekawis, reribed, saha panandhang. Sinaosa kedah nemahi kawontenan ingkang awrat ananging rama Ayub mboten nggresula, mboten nggugat. Ananging rama Ayub ngudi kasabaran saha nampeni kanthi legawa lelampahaning gesang kanthi sumendhe dhumateng Allah. Pramila wonten ing Yakobus 5:11a nandhesaken bilih tiyang ingkang sabar mantep punika kawastanan tiyang ingkang rahayu. Awit tiyang ingkang saged ngwujudaken sikep sabar mantep punika gesangipun tansah binerkahan. Berkah ingkang katampi temtu ugi mboten nate kendhat.

Lajeng kados pundi kaliyan kita samangke; punapa sikep sabar ugi sampun kita upadi nalika kedah nemahi panandhang? Temtu lumantar Pangandikanipun wekdal punika, kita kabereg supados purun nuladha rama Ayub inggih punika mbudidaya kanthi tumemen lairing sikep sabar mantep nalika ngadhepi panandhang, kasangsaran, saha karibedan ing gesang. Nalika kita saged ngudi sikep punika, pitadosa bilih berkahipun Gusti tansah lumintu lan kita kalebet tiyang ingkang rahayu. “Rahayu wong kang padha sabar mantep. Amin.