Yoel 2:12-22, Jabur 65, Lukas 1:46-55

MRATOBATA

Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene, nanging saiki uga,

padha mratobata marang Ingsun kanthi gumolonging atinira

(Yoel 2:12a)

 

Ing taun-taun kapengker negari kita nembe kataman kaprihatosan; dadosa punika kaprihatosan awit pageblug covid-19, bencana alam, tumindakipun manungsa ingkang sampun kecalan katresnan, lsp. Kawontenan-kawontenan punika temtu saged nuwuhaken pitakenan ing batos kita, “Punapa ta maknaning punika sedaya?” Menawi kita purun ngraosaken saha nggatosaken lumantar kedadosa-kedadosan kasebat, temtu wonten ancas ingkang badhe katedahaken. Ancasipun inggih punika kangge pemut saha mbereg supados saben manungsa purun mratobat ing ngarsanipun Gusti.

Lajeng pamratobat kados punapa ingkang kakarsakaken dening Gusti? Mratobat ingkang katalesan gumolonging manah lan mboten namung ing lathi kemawon. Wujudipun kados ingkang kaandharaken ing Kitab Yoel 13-17 inggih punika purun nyuwek ati, pasa, saha ngakeni sadaya kalepatan wonten ngarsanipun Gusti. Kanthi sikep ingkang mekaten, temtu sih-rahmatipun Gusti tansah katandukaken.

Para sadherek, pancen Gusti Allah punika ngagem maneka warni cara kangge ngemutaken kita sami; kantun kados pundi (tanggapan kita? Punapa kita anggadhahi raos-pangraos ingkang lebet (kepekaan)? Temtu lumantar kitab Yoel punika, kita sami kaemutaken saha kaatag supados anggadhahi raos-pangraos. Raos pangraos ingkang kawujudaken kanthi sikep gesang nampeni timbalanipun Gusti ing salebeting pamratobat. Sikep mratobat ingkang dipunkersakaken Gusti punika inggih pamratobat ingkang mboten lamis, ananging kedah saestu kawujudaken ing tumindak nyata; kadosta: Nebihi tumindak ala, njagi kasucening dhiri, gesang tansah ngener dhumateng Gusti, saha gesang ing salebeting pangandhalining dhiri satemah sih-rahmatipun Gusti saha sih-pangapuntening dosa kaluntakaken tumrap kita. Amin.