Yoel 3:17-20; Jabur 87, Mateus 21:28-32

PRACAYA LAN TINDAKNA

Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung

lan uga ora pracaya marang dheweke

(Mateus 21:32b)

 

Para sedherek kang kinasih, menawi kita dipundhawuhi milih pundi ingkang langkung wigati antawisipun ngaturaken tembung “ya” ananging mboten nindakaken utawi ngaturaken tembung “mboten” ananging nindakaken? 2 bab punika dipun ngendikakaken Gusti rikala semanten kanthi ancas paring piweling saha pemut dhateng para imam saha pinisepuh bangsa Yahudi. Anggenipun paring pemut saha paring piwucal, Gusti Yesus ngagem pasemon kados ingkang kaandharaken ing Mateus 21:28-32. Wonten ing pasemon punika, para sesirahing imam saha pinisepuh bangsa Yahudi kaibarataken kados dene lare mbarep.  Tiyang-tiyang punika ingkang nampeni Pangandikanipun Gusti langkung rumiyin kepara mangertos isinipun. Ananging emanipun, tiyang-tiyang punika mboten saged ngecakaken Sabdanipun, satemah tiyang-tiyang punika mboten saged mlebet ing Kratoning Allah.

Kosok wangsulipun kaliyan pasemon lare angka kalih punika badhe nedahaken utawi nggambaraken kawontenan gesang para juru mupu beya saha wanita tuna susila. Tiyang-tiyang punika mboten namung nampi Pangandikanipun Gusti, ananging ugi saged ndadosaken Pangandikanipun Gusti minangka cepengan sarana niti priksa ing gesangipun satemah tiyang-tiyang punika nalika nampeni pemut saking Yokanan Pembaptis lumantar Pangandikanipun Gusti lajeng nggetuni dosa-dosanipun saha mratobat.

Pancen menawi dipunraosaken nindakaken Sabda punika sanes bab ingkang gampil awit nindakaken Sabda punika kedah anggadhahi manah ingkang wiyar, nglengganani dhiri, nilar sikep nengenaken dhirinipun piyambak (ego), lan purun ngewahi gesangipun nalika kaemutaken lumantar Pangan-dikanipun Gusti. Punapa kita sami sagah nindakaken Sabda kanthi tumemen? Wangsulanipun kalair ing manah lan lampah gesang kita. Amin.