Habakuk 1:5-17; Jabur 119:97-104; II Petrus 1:1-11

DADIA KUKUH ING SAJRONING TIMBALANING GESANG

Mulane para sedulur tansaha mbudidaya supaya saya kukuh

anggonmu katimbalan lan pinilih iku

(II Petrus 1:10a)

 

Punapa kita nate mrangguli kawontenan jagad ingkang nembe kataman angin ageng? Bok menawi ing antawis kita nate mrangguli kawontenan makaten punika. Nalika angin ageng nempuh ing jagad punika temtu badhe wonten pangaribawa (dampak) ingkang kirang sae; upaminipun kathah wit tugel, gendheng utawi asbes sami mawut mabur-mabur, saha mboten wonten satunggal tiyang ingkang wantun medal saking griya awit ajrih menawi keterak angin. Mekaten ugi ing gesang saben dinten; dipun nglengganai punapa mboten asring gesang kita punika katempuh ing “angin ageng.” Angining gesang punika mawarni-warni wujudipun; upaminipun magepokan kaliyan kawontenan brayat, panyambut damel, kesarasan raga, utawi bab pawiyatan kita. Mboten namung punika kemawon, nanging kita ugi nate kesempyok angin nalika kedah nindakaken timbalan saking Gusti.

Nalika angin punika nempuh gesang kita kados pundi sikep kita? Punapa kita badhe winengku ajrih sumelang? Serat II Petrus 1:1-11 paring pitutur dhateng sok sintena kemawon ingkang maos serat punika. Pitutur punapa ingkang kaandharaken? Saben tiyang pitados ndarbeni krenteg sami mbudidaya sikep kukuh ing gesang kapitadosanipun dhumateng Gusti. Supados saged kukuh mila kita kabereg ngwujudaken kamursidan adhedasar pangandikanipun Gusti, njagi kasucening dhiri, ngendaleni dhiri, saha nandukaken katresnan. Nalika kita tansah kukuh ing salebeting timbalaning gesang temtunipun sumiyuting angin ingkang banteripun kados punapa kemawon mboten njalari kita ambruk, awit kita sampun anggadhahi tetales ingkang kiyat inggih punika kapitadosan dhumateng Gusti.

Sumangga kita tansah kukuh ing kapitadosan saha timbalaning gesang, satemah kita tansah kiyat sinaosa anginipun mobat-mabit ing sakiwa tengen kita. Amin.