Habakuk 2:5-11; Jabur 119:137-144; Yokanan 8:39-47

AJA NGLIRWAKAKE

Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun,

kawula mugi Paduka mangertosaken supados kawula gesang

(Jabur 119:144)

 

Temtu kita nate mireng kekidungan ingkang cakepanipun mekaten, “Biyen nglirwakake sabdane Gusti mung karepe dhewe kang dituruti. Samangke mratobat nampi sih-rahmat, migatosken tansah karsaning Allah.” Cakepan punika satunggaling kekidungan Pasamuwan Jawi. Menawi dipun-raosaken, cakepan punika nggambaraken kawontenanipun manungsa salimrahipun inggih punika taksih kathah ingkang gesangipun nengenaken pikajengipun piyambak. Kamangka menawi dipunraosaken, gesang namung nggega pikajengipun piyambak mboten badhe wonten paedahipun, kepara ndhatengaken bebendu tumrap dhirinipun punapa dene sesami.

Lumantar Jabur 119:137-144 paring pawarta ingkang endah. Pawarta bab punapa? Pawarta bab pakaryanipun Allah lumantar pranatan, pepenget, saha Pangandikanipun. Juru masmur paring paseksi kados pundi nalika piyambakipun ndadosaken pangandikanipun saha pranatanipun Gusti cepengan ing gesangipun. Kathah munpangat ingkang dipuntampi bilih lumantar Pangandikanipun Gusti saha pranatanipun punika ndadosaken juru masmur nampeni kabingahan nalika kedah tinempuh ing kasisahan. Mboten namung paedah kemawon, ananging juru masmur ugi nelakaken bilih pranatanipun Gusti punika adil saha leres; satemah mbereg juru masmur tansah ngenget-enget, ngraosaken, saha ndadosaken cepengan ing gesangipun.

Lumantar piwucal ing wekdal punika saha cakepan kekidungan ing inggil, kita winulang supados sampun ngantos nglirwakaken Pangandikanipun Gusti, nanging tansah gondhelan dhateng Pangandikanipun. Kanthi ngudi sikep tansah gondhelan lan mboten ngliwaraken pranatan saha pitedahipun Gusti mesthi badhe tampi paedah ingkang nengsembaken; kados dene kabingahan ing manah, kakiyatan nalika ngadhepi kasangsaran, saha pangajeng-ajeng ing gesang. Amin