Habakuk 2:12-20; Jabur 142; I Korintus 5:9-13

PAPAN PANGUNSENKU

 

Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane karubedanku dakaturke marang Panjenengane

(Jabur 142:3)

 

Sandhang, pangan, lan papan. Tigang prakawis punika dados kabetahing manungsa ingkang wigati. Ing wekdal punika kita badhe nggatosaken bab wigating papan tumrap gesang kita, dene papan punika anggadhahi munpangat kangge ngeyup nalika benter, kangge ngempal kaliyan brayat, lan papan kangge ngayom nalika wonten bebaya. Sacara kajasmanen pancen papan punika anggadhahi ancas saha paedah ingkang wigati. Mekaten ugi tumraping gesang karohanen kita, menawi kagatosaken gesang karohanen kita ugi mbetahaken papan inggih punika kangge nampeni kekiyatan, panglipuran, ugi pangajeng-ajeng. Lajeng sinten papan ingkang trep tumrap kita nampeni sadayanipun punika?

Wangsulanipun wonten Jabur 142:3. Papan punika inggih namung wonten ing Panjenenganipun Gusti Allah ingkang murbeng dumadi. Namung wonten ing ngarsanipun Gusti mila kakiyatan, panglipuran, saha pangajeng-ajeng tansah kababar. Bab punika sampun dipunraosaken dening juru masmur  inggih punika nalika Gusti Allah kadadosaken papan pangauban saha panga-dhuhipun ingkang wusananipun njalari piyambakipun nampeni kakiyatan mirunggan. Nalika juru masmur nglentrih kecalan daya, Gusti Allah enggal nguningani.

Para sedherek temtu anggen kita nglampahi gesang punika asring rinengga raos awrat, nglentrih, sayah, lsp. Nalika kawontenan kasebat jumedhul, punapa ingkang badhe kita tindakaken? Lumantar kitab Jabur, kita kabereg ngudi sikep ndadosaken Gusti Allah minangka papan pangadhuh saha pangayom kita; satemah kita nampi kakiyatan, pangajeng-ajeng, saha panglipuran. Sampun ngantos kita pados papan sanesipun ing sajawining Gusti Yesus, awit namung Panjenenganipun ingkang dados papan pangungsen ugi pangayom kita ingkang sejati. Amin.