Dhaniel 7:1-3, 15-18; Jabur 149; Efesus 1:11-23; Lukas 6:21-31

TANSAH NANDUKAKEN KASAENAN

“Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong”

(Lukas 6:31)

                Wonten satunggaling tiyang, sebat kemawon Ibu Ayu ingkang nggadahi sesambetan kirang sae kaliyan ibu marasepuhipun. Miturut Ibu Ayu, marasepuhipun mboten nresnani lan mboten ngurmati dirinipun. Ibu marasepuhipun asring ngendika ingkang damel seriking manahipun. Pramila, Ibu Ayu ugi mboten purun ngurmati ibu marasepuhipun. Prekawis ingkang kelampahan antawisipun Ibu Ayu lan ibu marasepuhipun namung mujudaken salah satunggaling conto bab sesambetan ingkang kirang sae ing antawisipun manungsa.

Sesambetan ingkang kirang sae antawis kita kaliyan sesami jalaranipun awit kita asring kapengin tiyang sanes nindakaken satunggaling prekawis ingkang kita kajengaken. Kita kepengin dipun urmati, dipun tresnani, lan dipun gatosaken dening tiyang sanes; kadosta dening sisihan, kanca, utawi sedherek. Kita asring nengga utawi kapenginipun tiyang sanes nindakaken kasaenan dhumateng kita.

Gusti Yesus paring piwucal bilih kita ingkang kedah miwiti nindakaken kasaenan dhateng sesami. Tumindak sae punika mboten awit kita sampun nampi kasaenan saking tiyang sanes. Pangandikanipun Gusti nimbali kita supados ndarbeni krenteg langkung rumiyin utawi “aktif” anggen kita nindakaken kasaenan, mboten namung nalika kita sampun nampi kasaenan. Kita nindakaken kasaenan awit kita temtu ugi remen nampi kasaenan saking tiyang sanes. Sanadyan tiyang sanes tumindak dereng utawi mboten sae dhateng kita, ananging kita kedah miwiti nindakaken kasaenan punika. Gusti Yesus piyambak sampun paring tuladha dhateng kita, inggih kanthi nresnani lan mitulungi manungsa supados mardika saking panguwaosing dosa. Katresnanipun Gusti Yesus mboten adhedhasar punapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng Panjenenganipun. Pramila katresnanipun Gusti asring kasebat katresnan “agape” jarwanipun katresnan ingkang tanpa pamrih. Minangka para putranipun Gusti, sumangga kita tansah ndarbeni krenteg miwiti/ “aktif” nandukaken kasaenan dhateng sok sintena tiyang.