Habakuk 3:17-19, Jabur 142, Lukas 19:11-27

GESANG MINANGKA ABDI KANG BECIK LAN TUMEMEN

“Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik.

Sarehne sira tumemen ing bab kang sepele, mulane sir

 Sunparengake nguwasani kutha sapuluh.”

(Lukas 19:17)

 

Wonten ing tata gesanging paladosan, pasamuwanipun Gusti saged kaperang dados sekawan kelompok inggih punika: Saged lan sagah, saged ananging mboten sagah, mboten saged ananging sagah, saha sboten Saged lan mboten sagah. Wonten pasamuwan ingkang sregep lelados lan pancen pinter. Wonten pasamuwan ingkang sejatosipun nggadhahi kasagedan ananging mboten purun lelados. Wonten pasamuwan ingkang sanadyan winates ing kasagedan ananging sregep lan wonten ugi pasamuwan ingkang rumaos mboten saged punapa-punapa satemah mboten purun tandang damel ing paladosan.

Pangandikanipun Gusti dinten punika ngengetaken bab peladosan kita dhumateng Gusti. Tiyang pitados kagambaraken kadosdene abdi ingkang sami kaparingan arta mina nalika katilar bendaranipun. Sedasa abdi sami-sami pinitados migunakaken arta mina kala wau kangge dagang. Sakondur bendaranipun, para abdi kala wau kadhawuhan nyowanaken tanggel jawabipun. Sanadyan nampi arta mina ingkang sami, ananging beda anggenipun migunakaken lan ngrembakakaken. Wonten ingkang ngasilaken sedasa mina, wonten ingkang gangsal, lan wonten ugi ingkang namung kasimpen ing kacu. Temtu bendaranipun langkung remen lan paring ganjaran dhateng abdi ingkang purun migunakaken arta mina punika kanthi sae ugi temen satemah bathinipun langkung kathah.

Para abdi ing pasemon bab arta mina punika gambaran para tiyang pitados ingkang sami nengga rawuhipun Gusti. Bendara inggih punika Gusti ingkang mekrad dhateng swarga lan badhe rawuh malih ngadili sedaya manungsa. Kita sadaya sampun kaparingan berkah dados awujud banda, dadosa kesagedan, utawi kapinteran supados kaangge lelados dhumateng Gusti. Sumangga kita misungsungaken gesang minangka abdi ingkang leres lan tumemen.