Zakharia 6:9-15, Jabur 145:1-5, 17-21, Lelakone Para Rasul 24:10-23

DITEGEN ING PANDONGA

“Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane,

lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya.”

(Jabur 145:18)

 

Sawetawis tiyang sami nemplekaken utawi masang nomer telepon penting ing griyanipun kadosta nomer kantor polisi, kantor pemadam kebakaran, lan nomeripun para putra. Prekawis punika katindakaken supados saged enggal sesambetan utawi pados pitulungan nalika wonten bab wigati utawi mbebayani. Kemajengan teknologi komunikasi pancen ndadosaken kita saged sesambetan kaliyan tiyang ing papan ingkang tebih. Kita saged pirembagan, nglipur, ngiyataken, lan mbagekaken pawartos kaliyan sedherek ing papan sanes. Sesambetan punika ndadosaken kita ngraosaken celak lan sangsaya rumaket.

Ing tata gesanging karohanen, kita ugi mbetahaken sesambetan kaliyan Gusti Allah. Sesambetan punika kawangun lumantar pandonga. Sangsaya asring kita sesambetan kaliyan Gusti kanthi pandonga, temtu sangsaya kita ngraosaken celak kaliyan Gusti. Juru Masmur ingkang kasebat Prabu Dawud neksekaken: “Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane” (Jabur 145:18a). Wonten ing lampah gesangipun, manungsa asring kesupen nyebat asmanipun Gusti. Manungsa asring mboten gadhah wekdal kangge mbangun sesambetan kaliyan Gusti, satemah ngraosaken Gusti punika tebih. Kamangka Gusti mboten nathe tebih, sauger kita purun ngraosaken rawuhipun ugi sadaya berkahipun ingkang kababar ing gesang kita.

Juru Masmur ugi paring paseksi bilih Gusti punika tuking pitulungan. Gusti mirengaken pasambat ingkang kita aturaken kalayan setya. Setya ateges kita tegen lan saestu pitados namung dhumateng Gusti. Mboten wonten prekawis sanes ingkang kita endelaken, kajawi namung berkahipun Gusti. Pangandikanipun Gusti nimbali kita supados kita sangsaya rumaket dhumateng Gusti. Kita saged ngaturaken sadaya kawontenan gesang kita salebeting pasambat kita dhumateng Gusti. Gusti nimbali kita: “Ditegen ing ndedonga.”