Hagai 2:20-23, Jabur 98, II Yokanan 1:1-13

GESANG TRESNA – TINRESNAN

“Dene ing samengko panjalukku marang kowe, ibu, – ora kok kaya-kaya aku nulis pepakon anyar marang kowe, nanging miturut pepakon kang wus kita duweni wiwit-wiwitan mula – supaya kita padha tresna-tinresnanana.”

(II Yokanan 1:5)

 

Tembung identitas, tegesipun tandha-tandha ingkang dipun gadhahi satunggaling tiyang utawi kelompok. Conto identitas inggih punika nama lan tandha tata lair, kadosta: Inggil, andhap, kulit sawo mateng, kriting, lan sapiturutipun. Gusti Yesus ngandika dhateng para sekabatipun bilih identitas ingkang kedah ketingal nyata lumantar gesangipun tiyang pitados inggih punika gesang tresna-tinresnan. Jagad badhe tepang bilih kita punika para kagunganipun Gusti manawi kita gesang ing katresnan.

Tiyang Kristen punika tiyang ingkang sampun nampi katresnanipun Allah. Katresnanipun Gusti Allah punika nyata kanthi rawuh ing jagad manjalma. Rawuhipun Gusti mboten supados dipun ladosi, ananging malah ngladosi manungsa ingkang kebak ing dosa. Gusti karsa nampi sakathahing kasangsaran ngantos dumugi seda sinalib supados manungsa uwal saking paukumaning dosa inggih punika pejah langgeng. Awit Gusti sampun nresnani kita, Gusti ugi nimbali kita supados mratelakaken gesang mbabar katresnan.

Rasul Yokanan ing Serat II Yokanan 1:5 ngengetaken malih timbalanipun Gusti supados pasamuwan tetep gesang tresna-tinresnan. Serat punika kakintun supados pasamuwan mrastawakaken wontenipun piwucal nasar. Piwucal ingkang ngendikakaken bilih gesang ing donya utawi tata kajasmanen mboten wonten gegayutan kaliyan karohanen. Piwucal punika nganggep bilih tiyang Kristen tetep gesang ngener ing pikajengipun piyambak awit misahaken prekawis karohanen lan kajasmanen. Piwucal punika mboten pitados bilih Gusti Allah punika saestu dados manungsa. Kamangka kita pitados bilih Gusti Yesus punika Allah sejati ananging ugi manungsa sejati. Allah ingkang sampun mratelakaken katresnan lan nimbali pasamuwan gesang tresna-tinresnan.