Zakharia 8:1-17, Jabur 98, II Tesalonika 3:6-13, Yokanan 5:19-29

NYAMBUT DAMEL KANTHI TUMEMEN

“Sabab, uga nalika aku padha ana ing tengahmu,

aku padha aweh pepenget iki marang kowe kabeh:

wong kang ora gelem nyambut-gawe iku iya aja mangan.”

(II Tesalonika 3:10)

 

                Benalu utawi kemladhean mujudaken taneman ingkang nunut gesang utawi gumantung dhateng taneman sanes. Pramila, tembung benalu, asring kaangge nggambaraken tiyang ingkang mboten mandhiri utawi tiyang ingkang njagegaken tiyang sanes kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Benalu saged dados sebatan kangge tiyang ingkang mboten purun nyambut damel utawi keset.

Nyambut damel mujudaken timbalanipun Gusti wonten ing gesang kita. Pramila, watak keset utawi mboten purun nyambut damel mujudaken prekawis ingkang mboten prayogi. Salah satunggaling prekawis ingkang karembag ing seratipun Rasul Paulus tumrap Pasamuwan Tesalonika inggih punika prekawis wontenipun pasamuwan ingkang mboten purun nyambut damel. Pasamuwan punika nggadhahi pemanggih bilih Gusti Yesus enggal badhe rawuh ing kamulyanipun, pramila mboten prelu malih nyambut damel. Pasamuwan lajeng sami nganggur lan nengenaken prekawis-prekawis ingkang mboten wigati. Kabetahaning gesang mboten saged dipun cekapi lan ndadosaken repoting brayat utawi pasamuwan sanesipun.

Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan bilih nyambut damel punika timbalan saking Gusti. Tiyang kedah nyambut damel supados mboten dados momotan kangge tiyang sanes. Rasul Paulus lan para rasul sanesipun sampun paring tuladha kanthi tetep nyambut damel kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Pramila Rasul Paulus ngendika: “Wong kang ora gelem nyambut-gawe iku iya aja mangan” (2 Tesalonika 3:10b); tegesipun, tiyang kedah tanggel jawab dhateng dirinipun piyambak. Kanthi nggatosaken pangandikanipun Gusti punika, sumangga kita ugi tansah nyambut damel kanthi tumemen supados saged nyekapi kabetahan kita. Malah langkung saking punika, kita saged dados berkah kangge sesami.