Yesaya 57:14-21, Yesaya 12, Rum 1:18-25

PRATELAKNA PAMRATOBATMU!

“Sabab bebendune Gusti Allah kalairake saka ing swarga

 marang sarupaning pamblasar lan durakaning manungsa

kang nampik kayekten marga dening duraka.”

(Rum 1:18)

 

Pamratobat mujudaken ewah-ewahan ing salebeting manah, pamawas, lan tindak tandukipun manungsa saking gesang winengku dosa dhateng gesang ingkang ngener dhumateng Gusti Allah. Pangandikanipun Gusti nelakaken bilih sadaya manungsa sampun kawengku ing panguwaosing dosa satemah gesangipun tansah nindakaken kadurakan. Dosa punika ingkang misahaken sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah.

Rasul Paulus kanthi cetha nggambaraken gesangipun manungsa ingkang kebak ing dosa. Manungsa punika titahipun Gusti Allah ingkang dipun tresnani dening Gusti. Ananging, manungsa mboten nelakaken pangabektinipun dhumateng Gusti. Manungsa malah nyembah dhateng reca, kados ingkang sampun katindakaken dening bangsa Israel. Manungsa remen tumindak dosa katimbang nggatosaken dhawuhipun Gusti. Sejatosipun Gusti tansah nimbali manungsa supados mratobat, nelangsani dosanipun, lan wangsul malih dhumateng Gusti. Ananging manungsa malah sangsaya rumaket kaliyan dosa. Gusti ingkang Maha Suci mboten saged nampi sadaya tumindak dosa. Gusti ingkang mboten mawang tiyang temtu badhe paring paukuman dhateng soksintena ingkang wangkot ing dosa-dosanipun. Ananging, soksintena ingkang purun mratobat lan ngayom dhumateng Gusti temtu badhe kapitulungan. Gusti sampun maringi sih-rahmat kawilujengan lumantar Gusti Yesus. Manungsa katimbalan mratobat lan wangsul dhumateng Gusti satemah saged nampi kawilujengan saha uwal saking paukuman.

Pangandikanipun Gusti dinten punika ngengetaken bilih kita punika tiyang ingkang pantes nampi paukuman awit kadurakan kita, ananging sih-rahmat kawilujengan sampun kita tampi lumantar Gusti Yesus. Pramila sumangga kita nelakaken pamratobat ing gesang. Gusti nuntun kita satemah saged mratelakaken gesang anyar ing pitembungan, pamawas, saha sawetahing tata gesang.