Yesaya 59:1-15a, Yesaya 12, II Tesalonika 1:3-12

NGANTEPI KAKIYATANING PANDONGA

“Awit saka iku aku kabeh tansah padha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada tumrap ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta panggawening pracayamu.”

(II Tesalonika 1:11)

 

Wonten satunggaling adiyuswa sebat kemawon Eyang Darmi ingkang sregep rawuh ing pakempalan pandonga enjang, sanadyan tindakipun sampun rekaos. Eyang Darmi gesang piyambakan lan kawontenanipun sarwa winates. Piyambakipun ngendika dipun tebihi para sedherek sasampunipun dados tiyang Kristen. Ananging piyambakipun pitados bilih Gusti piyambak ingkang tansah ngayomi lan mitulungi. Eyang Darmi namung ngendelaken pitulunganipun Gusti satemah sregep anggenipun ndedonga. Pandonga ndadosaken sumbering kekiyatan ingkang katampi wonten ing Gusti. Eyang Darmi mboten namung sregep ndedonga kangge dirinipun piyambak, ananging ugi ndongakaken pasamuwan lan sedherek-sedherekipun.

Rasul Paulus lan para rasul sanesipun ugi tansah ndedonga dadosa kangge dirinipun, dadosa paladosanipun, makaten ugi kangge pasamuwanipun Gusti. Rasul Paulus ndedonga supados pasamuwan tetep setya ing kapitadosanipun dhumateng Gusti sanadyan ngadhepi panganiaya. Rasul Paulus ugi ngersakaken supados pasamuwan tetep setya anggenipun mratelakaken gesang miturut timbalanipun Gusti. Lumantar pandonga, pasamuwan saged ngraosaken pitulungan saking Gusti awujud kakiyatan, santosaning kapitadosan, kakendelan, kasabaran, lan pangajeng-ajeng.

Gesang kita pancen mboten uwal saking pepalang lan panandhang. Manawi ngendelaken kakiyatan kamanungsan, kita gampil rumaos sekeng, tanpa daya, ajrih, bingung, punapa dene semplah. Ananging, kita nggadhahi pitulungan ing Gusti. Pandonga saestu ndayani wonten tumrap gesang kita. Kita katimbalan tansah ndendonga dadosa kangge dhiri kita piyambak makaten ugi kangge sesami, kadosta: Pamarintah, palados pasamuwan, utawi sedherek ingkang gerah.