Yesaya 59:15b-21, Yesaya 12, Lukas 17:20-37

NGENERAKEN MANAH DHUMATENG GUSTI

“Elinga marang bojone Lut! Sing sapa ngudi rumeksa marang nyawane,

bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane

 iku bakal nylametake nyawane.”

(Lukas 17:32-33)

 

Lut lan brayatipun gesang ing Sodom. Tiyang Sodom nindakaken kadurakan satemah katumpes dening Gusti Allah. Ananging Gusti kepareng milujengaken Lut lan brayatipun. Lut lan brayatipun dipun dhawuhi enggal nilaraken kitha Sodom lan mlajar dhateng kitha ing sangajengipun, inggih punika kitha Zoar. Lut lan brayatipun mboten dipun parengaken tumoleh dhateng Sodom. Ananging, semahipun Lut mandheg lan tumoleh satemah santun dados tugu sarem. Semahipun Lut dados gambaran tiyang ingkang mboten kawilujengaken awit taksih ngeneraken manah dhateng gesang laminipun.

Kitha Sodom dados gambaraning jagad ingkang ugi badhe katumpes dening Gusti Allah awit kadurakaning manungsa. Ananging awit kamirahanipun, Gusti mbabar kawilujengan wonten ing Gusti Yesus. Sok sintena ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus nampi pangapuntening dosa lan uwal saking paukuman. Para tiyang pitados mboten badhe katumpes sesarengan kaliyan jagad punika, ananging badhe kapulung lumebet ing Kratoning Swarga.

Gusti nimbali Lut lan brayatipun pitados dhumateng Gusti, nilaraken Sodom lan mlajar kanthi ngener dhateng Zoar, mboten pareng mandheg utawi tumoleh supados rahayu. Makaten ugi Gusti nimbali manungsa pitados dhumateng Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng, nilaraken gesang lami, lan ngenaraken manah dhateng kamulyaning swarga. Tiyang pitados kedah ngeneraken manahipun dhumateng Gusti, mboten rumaket malih kaliyan prekawis-prekawis kadonyan. Emanipun, manungsa kecalan kawilujengan awit taksih ngeneraken manahipun dhateng jagad punika. Manungsa taksih remen tumindak dosa, nguja hawa nepsu kadonyan, nggondeli bandha ingkang boten langgeng ing jagad punika. Ananging, sageda kita ngeneraken manah kita dhumateng Gusti satemah kita kawilujengaken, lumebet ing swarga.