Maleakhi 4:1-2a, Jabur 98, Lukas 21:5-19

TETEP SETYA DUMUGI RAWUHIPUN GUSTI

“Apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu. Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang. Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”

(Lukas 21:17-19)

 

Tembung setya nggadhahi pangertosan antawisipun: Manah ingkang mantep, netepi janji, lan mboten nilaraken sanadyan sampun mboten wonten pamrihipun utawi sanadyan wonten bebaya. Watak setya mujudaken timbalan ing salebeting gesang dadosa neningkahan, padamelan, paladosan, memitran, lan kapitadosan. Gusti Yesus nimbali kita tansah setya ngantepi kapitadosan dhumateng Panjenenganipun dumugi pungkasaning gesang utawi dumugi Gusti rawuh malih ing kamulyanipun.

Gusti Yesus ngengetaken para sakabatipun supados waspada anggen ngadhepi kawontenan gesang awujud peperangan, bencana alam, lan kasangsaran. Gusti ngersakakaken para sakabatipun mboten kaget, ajrih, bingung lan semplah nalika sadaya punika kalampahan. Gusti Yesus ugi ngendikakaken bab kasangsaran ingkang saged kasandhang dening para pandherekipun awujud panganiaya, dipun sengiti, lan dipun pejahi. Gusti Yesus ngersakaken para sakabat tetep setya kanthi ngendelaken pitulunganipun Gusti.

Gesang kita ing jagad punika namung winates lan kita ngantu-antu nampi gesang langgeng nunggil kaliyan Gusti. Manawi kita tetep mantep ing pitados linandhesan kasabaran, manah tatag lan tanggon nemahi kasangsaran, temtu kita badhe lumebet ing gesang langgeng nunggil kaliyan Gusti. Kawontenan gesang ingkang ayem tentrem mujudaken namung karsanipun Gusti ingkang kababar. Pangandika punika nyegeraken timbalan kangge kita supados tetep setya dhumateng Gusti. Setya sanadyan wonten ingkang sengit utawi nanduki awon dhateng kita minangka para kagunganipun Gusti. Gusti temtu mitulungi, ngayomi lan ngiyataken kita supados tetep setya dumugi rawuhipun Gusti.