Yesaya 66:1-13, Jabur 76, I Korinta 10:23-11:1

GESANG KANGGE KALUHURAN ASMANIPUN GUSTI 

“Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe,

dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.”

(I Korinta 10:31)

 

“Anak polah, Bapa kepradah”, bebasan punika ngemu teges bilih pangaribawa pratingkahipun anak badhe kasanggi dening tiyang sepuhipun. Bebasan punika mbereg kita supados tumindak ingkang prayogi mboten ndadosaken wirang tiyang sepuh. Piwucal punika ugi saged kita raosaken wonten ing gesang minangka para putranipun Allah. Manawi para putranipun Allah nindakaken dosa utawi piawon, temtu asmanipun Gusti mboten kaluhuraken. Kosok wangsulipun, manawi para putranipun Allah tumindak ingkang sae temtu ndadosaken kaluhuran asmanipun Gusti.

Rasul Paulus ngengetaken pasamuwanipun Gusti ing kitha Korinta supados gesang kanthi wicaksana satemah mboten dados sandhungan tumrap sesami. Tiyang pitados punika mardika nedha punapa kemawon awit ngugemi bilih sadaya tetedhan mujudaken berkahipun Gusti. Ananging, wonten ugi pasamuwan ingkang nganggep bilih tedhan ingkang kaladosaken minangka sesaji punika najis. Pramila, sampun ngantos kamardikan gegandengan kaliyan tedhan punika dados sandhungan tumrap sedherek ingkang ngugemi bab wontenipun awisan nedha ingkang kaanggep najis. Rasul Paulus ngendika: “Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (I Korinta 10:31).

Dhasar kangge tumindakipun tiyang Kristen mboten ngener dhateng pikajeng utawi pemanggih pribadi, ananging ngener dhateng kaluhuran asmanipun Gusti. Kita katimbalan mratelakekan gesang ingkang wicaksana ing pitembungan utawi tandang damel satemah mboten dados sandhungan tumrap sesami. Para putranipun Gusti kedah mratelakaken gesang murih kaluhuran asmanipun Gusti.