Yeremia 21:1-14, Lukas 1:68-79, Ibrani 9:23-28

TINEBUS BABAR PISAN 

“Mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.”

(Ibrani 9:28)

 

“Manungsa: menus-menus kebak dosa,” punika othak-athik gathuk tembung ingkang nggambaraken kawontenan gesangipun manungsa ingkang kebak dosa. Dosa misahaken sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah ingkang Maha Suci. Wonten ing Padaleman Suci, pasamuwan mboten saged lumebet ing pasucen ingkang pinunjul (ruang maha kudus). Kawontenan punika saged kagambaraken kanthi istilah batas suci, ing pundi manungsa dosa mboten saged lumebet ing panggenan ingkang suci. Manungsa mbetahaken pantara, inggih punika para imam. Namung para imam ingkang pareng lumebet ing pasucen (ruang kudus), papan antawisipun pasamuwan kaliyan Gusti Allah. Namung setaun sepisan, imam agung ingkang piniji lumebet ing ngarsanipun Gusti kanthi mbekta rah korban kangge panebusing dosaning pasamuwan lan piyambakipun. Ananging, sadaya punika mboten sampurna. Pramila tansah katindakaken ing saben taunipun.

Gusti Allah kanthi katresnanipun kepareng mbabar karahayon tumrap manungsa. Gusti Allah manjalma dados manungsa wonten ing Gusti Yesus lan ngorbanaken sariranipun piyambak minangka korban panebusing dosa. Namung Gusti Yesus Manungsa Sajati ingkang tanpa dosa, satemah dados kurban ingkang sampurna minangka panebusing dosa. Rahipun nucekaken dosa lan mbikak kubah (wates/batas suci) antawisipun manungsa kaliyan Gusti Allah. Manungsa tinebus babar pisan awit saking rahipun Gusti ingkang suci.

Kita nampi sih-rahmat kawilujengan awit pitados dhumateng Gusti Yesus. Kita ugi badhe methukaken Gusti ing kamulyanipun lan Panjenenganipun mapag kita lumebet ing gesang langgeng ingkang sampurna.