Yeremia 23:1-6, Jabur 46, Kolose 1:11-20, Lukas 23:33-43

KITA PUNIKA GREJA 

“Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning pepeteng,

kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.

Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan,

yaiku pangapuraning dosa.”

(Kolose 1:13-14)

 

Tembung greja punika saking basa Portugis igreja. Dene tembung igreja piyambak kapendhet saking basa Yunani ekklesia, ingkang nggadhahi teges dipun timbali medal utawi dipanggil ke luar (ek = Ke luar/ out lan klesia saking tembung kaleo = dipanggil/ called). Wonten ing seratipun dhateng pasamuwan Kolose, Rasul Paulus ngendika bilih pasamuwan punika tiyang ingkang sampun dipun luwari dening Gusti Yesus saking panguwaosing pepeteng utawi panguwaosing dosa. Gusti Yesus inggih Allah ingkang rawuh manjalma lan ngorbanaken sariranipun piyambak minangka bebanten tumrap panebusing dosa. Wonten ing Gusti Yesus, pasamuwan katebus lan nampi pangapuntening dosa. Pasamuwanipun Gusti punika ingkang kasebat greja inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun kabandhang dening Gusti Yesus medal saking panguwaosing dosa.

Dosa mujudaken panguwaos ingkang misahaken sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah. Panguwaosing dosa punika ingkang njalari manungsa panggah nindakaken kadurakan. Wonten ing dosanipun, manungsa nampi paukuman inggih punika pepejah. Ananging Gusti Yesus sampun nanggel paukuman kita kanthi seda kagantung ing kajeng salib. Lumantar pangorbananipun Gusti Yesus, kita karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Kita kadadosaken titah anyar, tiyang ingkang pantes nampi panduman ing Kratoning Pepadhang.

Minangka titah anyar, kita kedah nilaraken gesang lami inggih punika gesang mblasar ing dosa. Kita punika greja, pasamuwanipun Gusti ingkang tansah katimbalan murih ngudi cak-cakaning gesang anyar. Kita kedah nilaraken sadaya tumindak dosa lan gesang ngener karsanipun Allah.