Yeremia 30:1-17, Jabur 117, Wahyu 21:5-27

NUNGGIL GUSTI ING LANGIT LAN BUMI KANG ANYAR 

“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega. Kang Murwani lan kang Mungkasi.

Wong kang  ngelak bakal Sunparingi ngombe kanthi lelahanan saka tuking

banyu kauripan. Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun

bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi putraningSun.”

(Wahyu 21:6b-7)

 

                Alfa mujudaken aksara kapisan ing abjad Yunani, dene Omega huruf ingkang pungkasan. Gusti Allah punika Sang Alfa lan Sang Omega, Ingkang Murwani lan Ingkang Mungkasi. Sang Alfa lan Sang Omega nedahaken bilih Gusti Allah punika ingkang mengku panguwaos salami-laminipun. Gusti punika ingkang nitahaken langit, bumi, dalah saisinipun. Gusti badhe rawuh malih mbabar kamulyanipun satemah milujengaken para kagunganipun lumebet ing kasampurnan.

Ing pungkasaning jaman, Gusti badhe mbabar langit anyar lan bumi anyar. Gusti badhe adhedhampar ing satengahing manungsa ing Yerusalem ingkang anyar. Langit lan bumi lami ingkang kebak ing ruwet renteng lan pepeteng badhe sirna. Tiyang-tiyang duraka badhe katumpes sesarengan langit lan bumi ingkang lami. Ananging tiyang ingkang ngelak-ngorong inggih punika tiyang ingkang pitados lan ngayom dhumateng Gusti, badhe nampi gesang langgeng sampurna. Prasetya punika kaparingaken dhateng tiyang ingkang setya dhumateng Gusti dumugi ing pungkasan. Tiyang-tiyang ingkang badhe manggen ing langit lan bumi anyar inggih punika ingkang unggul saking sadaya panggodha sarta pacoben kanthi tetep setya dhumateng Gusti. Tiyang-tiyang punika badhe nampeni gesang ingkang ayem tentrem, mboten wonten ingkang tumindak awon, mboten wonten kasisahan, pasambat, saha karubedan.

Kita temtu kapengin dados tiyang ingkang nunggil Gusti ing langit lan bumi ingkang anyar. Pramila kit akedah tansah kiyat nemahi maneka warni panggodha saha panandhang kanthi tetep setya dhumateng Gusti.