Yeremia 31:1-6, Jabur 117, Lukas 1:1-4

PAYO TANSAH MEMUJI GUSTI! 

“He sakehing bangsa, padha ngluhurna Pangeran Yehuwah,

padha ngalembanaa Panjenengane, he sakehing suku bangsa!

Awit sih kadarmane iku ngedab-edabi tumrap kita, sarta kasetyane

Sang Yehuwah iku langgeng ing salawas-lawase. Haleluya!”

(Jabur 117)

 

Mbah Darso (nama samaran) punika salah satunggaling warga pasamuwan ingkang dados korban lindu ing Bantul tahun 2006. Griyanipun ambruk. Kawontenan kasebat nuwuhaken raos prihatin sedherek-sedherek ingkang sami nuweni. Ananging Mbah Darso ngendika: “Puji Gusti, kula saestu ngraosaken pitulunganipun. Awit berkahipun Gusti, kula pinanggih wilujeng.” Ing kawontenan prihatos, Mbah Darso tetep ngluhuraken asmanipun Gusti awit saestu ngraosaken pitulunganipun Gusti awujud kawilujengan.

Juru Masmur ugi ngatag sadaya bangsa supados ngluhuraken Gusti Allah awit sih-kadarman lan kasetyanipun. Manungsa ingkang sampun dhumawah ing dosa gesangipun nuju dhateng karisakan. Kanthi dosa-dosanipun, manungsa pantes nampi bebendu saking Gusti Allah. Ananging Gusti Allah welas asih lajeng tumandang damel milujengaken manungsa. Karahayon punika kababar ing pakaryanipun Gusti Yesus, inggih punika Sang Mesih ingkang kaprasetyakaken dening Gusti Allah tumrap umatipun. Sang Mesih ingkang paring pangluwaran saking panguwaosing dosa karsa masrahaken sariranipun piyambak. Gusti Yesus karsa nanggel sangsara ngantos seda sinalib namung kangge nanggel paukuman awit dosanipun manungsa.

Kita kaengetaken sih-kadarman lan kasetyanipun Gusti nyata ing sih-rahmat karahayon kangge sadaya manungsa. Pramila sampun samesthinipun kita tansah memuji Gusti Allah ing sauruting gesang kita. Kadosdene Mbah Darso, kita ugi tinimbalan ngaturaken pamuji konjuk Gusti kinanthenan raos sokur milang berkahipun Gusti.